Jumat, 04 Maret 2011

 

 

 

 

Prakata

Tata Surya (basa Inggris: Solar System) kuwe sistem planet/perplanetan sing nang pusate ana lintang. Nang sistem kuwe uga termasuk kabeh benda-benda angkasa sing ngideri lintang kuwe, uga termasuk kabeh gaya gravitasi sing ana nang sistem kuwe.
Masing-masing lintang duwe sistem planet dhewek-dhewek (ning ana uga lintang sing ora duwe sistem planet). Lintange dhewek sing jenenge srengenge kuwe uga duwe sistem planet, salah siji planete yakuwe bumi.

[sunting] Tata Surya Dhewek

Tata Surya dhewek kuwe sistem planet/perplanetan sing mandan lengkap. Nang tengah-tengah ana lintang sing jenenge Srengenge utawa Matahari, akeh benda-benda angkasa sing ngideri srengenge kuwe antarane planet, satelit, asteroid, komet lan liya-liyane sing terikat gaya gravitasi srengenge. Tata Surya dhewek kuwe dibungkus lapisan sing jenenge Awan Oort.

[sunting] Planet-Planet

Tata Surya dhewek kuwe pusate nang lintang sing dijenengi srengenge. Srengenge kuwe diideri benda-benda angkasa (diurut sekang posisi sing paling pedhek karo srengenge):

Tata Surya
Pemahaman gemiyen, tata surya dheweke kuwe duwe 9 planet (Merkurius, Venus, Bumi, Mars, Jupiter, Saturnus, Uranus, Neptunus karo Pluto), ning tanggal 29 Juli 2005 astronom berhasil nemokna Eris sing ukurane jebule lewih gedhe tinimbang Pluto. Sedurunge uga wis ditemokna Orcus, Quaoar, Sedna lyy. Penemuan Eris kuwe nimbulna kontroversi definisi planet, akhire ana keputusan nek planet nang tata surya dhewek kuwe mung ana 8, dadi pluto dilebokna nang kategori planet cilik.
Awan Oort (basa Inggeris: Oort cloud) kuwe semacam selimut pembungkus sistem tata surya dhewek.
Seliyane kuwe nang tata surya juga ana satelit, meteor karo komet.

[sunting] Tata Surya Liya


Tata Surya Liya
Tata Surya Liya utawa basa Inggris: extrasolar planets, kuwe sistem tata surya nang lintang-lintang liya.
Wis akeh bukti nek akeh lintang nang alam semesta kiye duwe sistem tata surya dhewek-dhewek, artine lintang-lintang kuwe juga duwe sistem planet. Ngantek Agustus 2006 wis lewih sekang 200 planet ditemokna sing ngideri lintang-lintang liya, ana lintang sing diideri mung siji planet ning uga ana sing diideri akeh planet persis kaya sistem Tata Surya sing dienggoni awake dhewek.

[sunting] Tangga Tata Surya Dhewek

Tata Surya dhewek kuwe nduwe tangga akeh, sing paling pedhek yakuwe Alfa Sentauri karo Proksima Sentauri. Alfa Sentauri kuwe jane sistem lintang kembar (binary), masing-masing jenenge Alfa Sentauri A karo Alfa Sentauri B. Ngantek siki urung ditemokna ana apa ora planet sing ngideri lintang-lintang kuwe.
Tangga-tangga liyane antarane: Lintang Barnard, lintang Wolf 359, lintang Epsilon Eridani uga Tau Ceti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar